Rabu, 27 Juli 2011

Wara-wara

WARA-WARA

Standar Kompetensi :  Mampu mendengar dan memahami serta menanggapi berbagai          ragam wacana lisan nonsastra berupa berita dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Kompetensi Dasar     :  Mendengarkan Pengumuman
Indikator               :      1.  Mencatat pokok-pokok isi pengumuman (dari siapa, untuk siapa, apa isinya)
                                  2.  Membandingkan antara pengumuman dengan surat
3.  Memberikan tanggapan secara lisan isi pengumuman

Wara-wara utawa pengumuman adate dienggo nek ana perkara sing wigati sing kudu dingerteni wong  liya. Umpamane ana wong sing seda, men wong liya pada ngerti banjur ngurmati, mula kudu diumumaken sapa sing seda, kapan sedane, mergane apa sedane, neng papan ngendi, arep disarekna nang ngendi.         
     Sing kalebu wara-wara yaiku layang sing ancase padha bae yaiku menehi ngerti.
Jenis-jenise layang ana 6 :
1.  Layang iber-iber yaiku layang kiriman utawa layang kang isine kabar keslametan.  Tuladhane ngabari nyuwun idin pangestu yen arep ujian, nyuwun arta lsp.
2.   Layang paturan yaiku layang sing dikirim andhahan marang ndheduwuran.  Tuladhane pak lurah ngabari marang pak camat yen ing desane lagi ana garong, padudon, utawa kobongan.
3.   Layang dhawuh yaiku layang sing isine ndawuhi marang andhahan.  Tuladhane prentah marang andhahan kon nglakokake pegawean.
4.   Layang ulem yaiku layang sing isine ngundang supaya teka marang sing duwe gawe.  Tuladhane mantu, sepitan, utawa syukuran.
5.   Layang kitir yaiku layang sing isine sakperlune bae utawa cekak aos.
6.   Layang Lelayu yaiku layang sing isine aweh kabar yen ana sing ngajal.

Peranganing wara wara :
1.  Adangiyah ( Kepala / sirah wara-wara)
2.  Bebuka (pembuka)
3.  surasa basa (isi wara-wara)
4.  wasana basa ( Penutup wara-wara)
5.  titi mangsa
6.  peprenahan
7.  tapak asma
    
Layang iki gantinen nganggo basa Krama 

WARA-WARA

Assalmau’alaikum Wr.Wb
          Diumumna maring kabeh Pengurus OSIS SMA N 1 Purwokerto.
Kanggo mengeti ambal warsa SMA N 1 Purwokerto, OSIS SMA N 1 Purwokerto bakal mbentuk panitiya dina pengetan Ambal Warsa sing kaping 56, mula kabeh pengurus dijaluk kumpul :
Dina / tanggal         : Setu, 28 Agustus 2010
Panggonan             : Sekretariat OSIS SMA N 1 Purwokerto.
Wektu                    : jam 2 awan
          Ngemuti banget wigatine acata mula para pengurus disuwun ngepas wektu. Semene wara-wara, matur nuwun.  Muga-muga ndadekaken kawigatenan para pengurus OSIS.  Matur Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

                                                          Ketua OSIS

2.  Wangsulana pitakon ing ngisor kiye nganggo basa krama !
a.  Sapa sing aweh wara-wara kuwe ?
b.  Kanggo sapa pengumuman mau ?
c.  Arep dianakake apa neng SMA N 1 Purwokerto ?
d.  Kapan Acara arep dilaksanakaken ?
e.  Wiwit jam pira labuhe ?
          3.  Umpamane pengumuman sing ndhuwur diaturaken maring bapak ibumu, kepriwe anggone matur nganggo unggah-ungguh sing bener ?